Stefanus Iwan Listiyantoro: MENAPA MENIKA PANGWAOSIPUN? Metal Set - Link Select

6.05.2012

MENAPA MENIKA PANGWAOSIPUN?




 Ayub 10: 18  Kénging menapa kawula Paduka kersakaken lair ing donya? Langkung saé saupami kawula pejah sadèrèngipun kasumerepan ing tiyang.

Kalamangsanipun, kita ngraosaken bab-bab ingkang boten kita pengini. Contonipun nate kula alami, rikala tanggal 10 Mei 2012, kula sarombongan wangsul saking ngestreni penahbisan pamulang ing GKJ Japah, ing laladan Kedungjati mobilngguling wonten ing tegalan. Raosipun kaget, bingung, saha sedih awit wonten sadherek ingkang patah tulang lengan, katambah mobilipun risak. Kawontenan ingkang saestu boten dipun pengini.

Ayub ugi nate ngalami bab ingkang boten dipun pengini inggih punika nandhang sakit. Sinten tiyangipun ingkang kepengin nandhang sakit? Menika dipun alami dening Ayub, kepara ingkang dipun alami awrat sanget awit piyambakipun kedah ngadhepi sesakit gudhik ing sakujur badanipun. Kamangka, satata kapitadosan, piyambakipun sampun pitados dhumateng Gusti, kanyata taksih  ngraosaken bab ingkang boten nyekecakaken. Pramila lajeng tuwuh pitakenan ingkang kirang langkung katembungaken, “kenging menapa panguwaos Paduka kok kados mekaten Gusti?” Menika mratelakaken bilih Ayub ugi sampun nate ngaosaken bingung bab panguwaosipun Gusti, “menapa menika panguwaos Paduka?” Sinaosa mekaten, ing tembe wingkingipun, Ayub tansaya ngekahi kapitadosanipun dhumateng panguwaosipun Gusti, bilih panguwaosipun dadosaken para kagunganipun ngalami indahing gesang. 

Kadospundi kita ngadhepi mawarni-warni bab ingkang boten kita pengini, kados ingkang kula sarombongan alami? Mbok bilih ndadosaken bingung bab panguwaosipun Gusti, “kenging menapa kedah mekaten Gusti?” Kita saged nampeni jawaban nalikanipun enget dhateng Ayub ingkang suwaunipun bingung, ananging salajengipun tansaya ngekahi kapitadosan dhumateng panguwaosipun Gusti. Panguwaosipun Gusti mesti ndadosaken kabecikan ing gesang kita, kepara, aosipun nglangkungi samukawis. Pramila, ing sadengah prekawis ingkang kita alami, pitadosa lan memujia dumateng Gusti, kados pratelanipun Mazmur 19:9 “Dhawuhé Gusti Allah kuwi bener, gawé bungahé ati; dhawuhé Allah kuwi adil, madhangi nalar lan budi.Pangabekti marang Allah, selawasé becik, putusané Allah mesthi bener, adil ing sekabèhé.”
 
ans!!